Total Pengunjung Blog

Pengikut

Popular Posts

Selasa, 08 Januari 2013

Ono ne....!!
pas  wektu kowe podo arep menyang kampus..ngadep dosen, njur sepatu ne  do teles...mung ono sepatu lutuk padahal wektune wis mepet..ugo rasah mikir suwi-suwi,mesti sepatu kuwi kepekso tok go,mergo yo kuwi ono ne!!bener to??

Podo dene kowe milih bojo, Yen kowe milih kok tanpo siap siap lan cepak cepak yo mung koyo ngono kuwi..sak anane!!!..

sak anane!!mergo ra ono liyane!! Ojo ngono kuwi yo...!!

Banjur kepiye cara ne milih bojo ? mengko ndimek, sak durunge aku cerito carane, aku tak gawe perumpamaan sek, ben kowe – kowe kabeh luweh iso berkesan moco tulisan iki. Tulisan sing niatku kanggo salah sijining souvenir ngantenku sesuk. Tak lekasi yo!!!

Mbasan saiki kowe – kowe podo duwe wektu longgar, lan duwe duet akeh, sinambi mbatin yen sepatumu wis podo elek, kowe – kowe dadi pengen sepatu. Yo akhir re kowe – kowe podo dolan dolan nang moll (sing sugeh), dolan dolan nang bringharjo  (sing kecukupan), utowo podo dolan dolan nang klitikan (sing mlarat). Dolan nang kono, yo kuwi dengan satu tujuan, golek sepatu. Yen pas mlaku – mlaku kuwi, lirak lirik  banjur weruh sepatu sik tok pingini, iso wae yen duwetmu cukup alias peribahasan modalmu ono kanggo tuku sepatu sing tok pingini, yo g masalah.Garek nyang – nyangngan, sendlep sitik JOSS, mesti bakal etuk sepatu sing tok pinginni. Yen sing blonjo nang mol, isin ngeyang, takok wae, sopo ngerti ono diskon khusus kanggo kowe utowo kowe duwe kartu pelannggan. Yen sing nang brigharjo utowo klitikan, mnestine yo nyang nyangan.

Sing Ciloko ki yen modalmu jebul pas-pasan lan barang sik tok nyang kuwi, bakul le ora gelem ngenehke mergo le ngenyang paribasane barang rong atus ewu di nyang sewu!!!, Gendheng!!! Yo mesti ora diwenehke karo sing duwe, malah iso ugo kowe di iyek –iyek lan di ece – ece karo sing duwe.

Yen ngono kudu kepriye kowe – kowe podo? padahal brang iku garek siji nang etalase.!! Tak andani cah cah!!!lha yo mung garek loro perkoro sing iso mbok lakoni, kaping pisan dituku kanggo kridit (jarang ono sing gelem nek ora saking percoyone), lan kaping pindo nabung sek sinambi dedongo barang nge durung dituku wong liyo.Tapi yen coro sing terakhir iki, kowe kowe podo ojo nyesel lan kuciwo!!!masalah e, nang endi-endi barang apek kuwi akeh sing nginceng lan sing nginceng mesti sing wis duwe modal akeh...

podo wae dene kowe arep golek bojo. yo podo karo golek sepatu nang mol, beringharjo utowo klitikan. Yen modalmu pas pasan, yo angel arep etuk sek apik. Yen kowe kok wis weruh sepatu apik eh kliru, wong wadon apik, banjur kowe ngiler mergo ra duwe modal kanggo tuku, yo mung loro sing iso tok lakoni. Kaping siji, goleki sing duwe sepatu apik eh wong wadon apik kuwi sopo…. Yen kendel, kowe nembung karo sing duwe barang ben iso di kridit lan cicilan pertamamu yo modal sing wis tok duweni. Tapi iki angel lan longko, mergane mesti sing duwe barang yo takok ro kowe, Lha kowe ki sopo wani wanine nembung barangku eh anakku? MODALMU OPO? SING iso go jamin urip tentrem lan mlebu suargo wis ono durung? Modal sing go ngrumat barangku ono durung? Lha noh!!!piye yen wis ngeneki??? Tapi iso ugo, diwenehke lho…asal kowe duwe adira utowo FIF sing njamin kriditmu lancar lan kowe tersertifikasi selalu duwe modal sing go nyicil kridit an ne tiap bulan. Piye?? Wis duwe FIF utowo Adira durung? yen durung, golek sek, yo iku iso guru ngaji utowo konco sholeh sing kenal kowe lan dewek ke wis duwe bojo, utowo malah dosenmu utowo bos mu. Yen kowe ora iso duwe FIF lan adira, kowe kudu nganggo coro ke loro…

Sing ke loro, kowe kudu nabung, sinambi dongo barangnge durung di wenehke wong liyo? Yen nabung kuwi, yo isone sinambi lewat – liwet toko sepatu, mung iso nyawang sepatu sing mbok pinginni. Ora etuk di otak atik lan di mak mek. Sepatu sing apik lan pas serta berkualitas kuwi sing durung tau di mak mek karo wong liyo, lan durung di idak idak karo wong liyo, mergo slop pe mesti durung bubrah, lan ijeh apik karet te, kenceng.  Lha yen tabunganne cukup, tapi barang nge jebul wis ditukuke wong liyo piye? Yo ora etuk sedih, lan muram durjono, berarti kuwi dudu jatahmu. Opo maneh yen sing nuku kuwi konco kentelmu, mestine kowe kudu muji dewe e yen dewe e pinter mileh. Lha trus nasib mu piye?? Percoyo o, Barang apik sing iso tok tuku nganggo modalmu mesti ono lan diproduksi karo Gusti Allah khusus kanggo kowe. Lha cara golek barang apik ke kuwi mau piye? Sing pertama, kowe kudu wis ngerti panggon panggon dodolan sing sering menyediakan barang sing berkualitas. Lha ukuran kualitas ki kepiye? lha kuwi tergantung kebutuhanmu!!mulakno, sak durunge tuku barang, kowe kudu nentuke spek – spek e, koyoto umurre piro, kualifikasi singdi karepke, …Nah…yen wis nentuke spek – spek ke, cobo takokno nang panggon panggon dodolan sing wis tok pilih lan tok percoyo duwe barang barang sing berkualitas, mesti toko – toko sing kenal karo kowe lan percoyo karo kowe bakal milihke beberapa pilihan sing tok mbok karepke. Lha iki!!! Bejone  kowe dadi wong lanang iso penak, menang milih. Pilih wae sing disawang ketok wangun kanggo kowe seko barang barang sing ditawarke lan sesuai spekmu . Yen disawang ki, ketok nyenengke lan marahi ati iku bungah. Dadi, tampilan ki yo penting!! Lha nek ora penting, kowe bakal isin. Jajal kowe arep mangkat njagong manten, nganggo sepatu jebol ketok jempolle!! rak yo ngisin ngisin ni to!????mulakno kuwi, kowe sing arep duweni barang sing paling penting kanggo uripmu yo kudu ngeroso bangga duwe barang kuwi!!ojo malah isin….kudu bangga…Tapi iki ojo di artek ke yen sepatu sing warnane ireng, desainnya kurang sportif banjur mbasan moco tulisan iki podo mutung!!!. ORA NGONO KUWI!!! Akeh juga wong sing nentuk ke spek sepatu warna ne ireng, rodo kuat, lan formal (ora butuh sportif). Kabeh mau, ono target pasar e dewe dewe. Sing jelas, wong sing milih sepatu kudu bangga duwe sepatu sing di tuku, mboh kuwi mergo bangga tampilanne sportif, warnane ireng, tampilanne formal, sepatu asli kulit, lan liyan liyanne.

nah…yen kowe wis milih barang nge, saiki banjor kowe ngetok ke modalmu. Lha iki, saiki kowe garek dongo dongonan sing uakeh,ben barang kuwi mau dadi wek amu. Yen sing duwe barang kuwi, san weruh modalmu kok  nyenengake lan barang kuwi pancen cocok karo awakmu, ukuranne, serasine, lan pancen sepatune gelem di jak kanggo mangkat sesuai kebutuhanmu, iso ugo barang kuwi dadi wek amu. Tapi eling!!!! Ojo macem macem sek , sak durunge ono ijab kabul. Ojo umuk lan pamer karo konco – koncomu, yen sepatu kuwi ijeh nang etalase.

 

wis..cukup sak mene anggonku cerito marang kowe kowe kabeh…cobo cerito iku tok ringkes, kudu opo wae sing tok lakoni kanggo golek sepatu !!!yen wis diringkes, cobo dipraktekke yo!!! yen ono sing salah, yo aku njaluk sepuranne..

 

kupat janur re tuo..

yen ono lepat, aku njaluk ngapuro…

 

Banjur aku opo uwis mraktekke??

Yo jawaban ne nang cerita edisi selanjut te, ben kowe kowe kabeh podo penasaran…

0 komentar: